Kamis, 06 September 2018

Opo Tumon Ada Ibu Hamil....Ada Kursi

Mbok menawa wis ngerti malah tau maca rubrik "OPO TUMON "PS (Panjebar Semangat) majalah bahasa jawa sing terbit ana Surabaya.Isine biasane pengalaman sedina-dina sing lucu,aneh,ngayelke,sedih,apa wae ...sing mesthi bisa gawe sing maca kudu ngguyu apa malah prihatin.

Pengalaman ini durung suwe pase sakwise aku nonton acara Asian Games bareng ponakan ana GBK.Senajan mung nonton nganggo TIKET FESTIFAL sing penting melu ngramekake lan nambah semangat atlet lewat Layar Lebar ( Nobar).Kebeneran margo donganane rakyat Indonesia bisa oleh mendali lumayan akeh 31-24-43 ngluwihi target 16 emas ana urutan 4 sawisi Negara kuat China,Jepang,Korea.

Rampung nonton aku bali numpak bis grartis tranjakarta menyang stasiun Sudirman.Kebeneran wektu kuwi jame bubabaran wong kerjo mula penumpang akeh banget.Kepekso nunggu kreta Commuterline jurusan Bogor rada selo.Lumayan suwe kurang luwih sejam bisa oleh kreta bisa mlebu gerbong.

Senajan ora oleh kursi nanging ora desek-desekan.Kebeneran ana Ibu setengah baya menehi kursi kanggo keponakan dadi ayem.Tekan Stasiun Manggarai kreta Mandeg kanggo nambah penumpang ,transit menyang Stasiun Kota apa Bekasi.

Kreta nembe mlaku dikagetake suara kenceng banget "Ada Ibu Hamil....
Ada Kursi...!?".Aku karo penumpang liyane rada kaget...?Karo nggoleki sapa sing nyuara mau.Sajake ora ana sing nanggapi mula ibu mau mbaleni luwih seru maneh.

Aku penasaran kepengin ngerti piye blegere sing ngaku "Ibu Hamil".Bareng ping telu ibu mau nyuara akeh sing pada ngeh.Kebeberan ora adoh soko panggonan  aku ngdeg ono bocah enom menehi kursine.Malah ora mung siji thok akeh wong lanang menehi kursi kanggo ibu hamil mau.
Bareng tak sawang Ibu muda kayane nembe bali kerja,hamile ya durung gedhe durung patiya katon.

Manggon nang Jakarta pancen kudu pinter nyiasate lan ora isinan.Kaya ibu mau supaya bisa oleh kursi nekat kanti nyuara "Ada Ibu Hamil...Ada Kursi".Nyatane bareng ngerti deweke hamil akeh sing ngalah.Coba menawa meneng wae...sapa gelem menehi kursi apa maneh isih enom.Racake wong ngalah kanggo balita,lansia apa ibu hamil sing ketok....