Tampilkan postingan dengan label opo tumon. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label opo tumon. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 20 Juni 2020

OPO TUMON : Hobi Nonton Wayang Goro-Goro CORONA



Goro-Goro wabah covid 19 ( Corona),aku duwe hobi anyar nonton wayang kulit (ringgit wacucal).Lha kok bisa....? Lha piye social distance nganggo tag #dirumahsaja#,kabeh kegiatan diwatesi ora oleh ngumpul rame-rame,jaga jarak,cuci tangan kanggo kebersihan ora ketinggalan nganggo masker menawa metu.

Pemerintah mrentahke kerja,sekolah,kuliah kegiatan ekonomi serba online tujuane kanggo jogo penyebaran tambah akeh.Mulane meng rong sasi iki nang ngomah terus,kepeksa metu menawa ana keperluan sing wigati.Kanggo ngisi kegiatan paling nonton TV apaa sosial media.Acara TV isine berita Corona terus karo sinetron ulangan suwe-suwe bosen.

Nonton acara TV Jogja "Pendopo Kang Tejo",bintang tamune Sinden Milineal  aku dadi penasaran.Aku  wis suwe banget ora nonton wayang kulit mulane kurang paham sopo dalang apa sinden sing lagi ngetop saiki.Bukak yotube jebul sinden milineal "Elisa Orcarus" saiki lagi viral banget.Adegan Limbukan apa goro-goro ngebaki video  pulahan chanel  dalang Seno Nugroho bareng sinden Elisa.Malahan sering oleh tanggapan dewe apa dadi bintang tamu dalang liyane.

Goro-goro sering nonton dadi nyandu apa maneh ora bosen-bosen krungu banyolane Dalang Seno karo Elisa .Sakliyane bisa nyinden,dalang(lulusan S1 saka ISI),joged,apa nglucu bahasa jowone ping pecotot.Maklum dudu wong jowo,kandane asale simboke soko (LAMBELU),bapake (TOLITOLI),Sulawesi.Malahan asal usule wong tuwane sering banget dadi bahan dagelan sing gawe ger-geran penonton.

Suarane Elisa apa bahasa jawane pas nembang beda banget karo limbukan.Apa  kuwi setingan ...? Mbuh kuwi rahasiane Dalange sing cetho penonton puas.Keluwihan Ki Seno pinter gawe umpan balik Elisane cepet tanggap mulane nalika limbukan apa goro-goro lancar banget dadi klop pasangan duet maut.Apa jmaneh oleh sebutan sinden melenial pancen sakliyane cerdas (lulusan dalang ISI lan S2 Psikologi),tampilane masa kini keluwihane seneng budaya jawa,utamane wayang kulit.*

Saiki aku malah dadi pelanggan chanel Dalang Seno uga vlog sinden Elisa.Dadi menawa ana postingan anyar ora ketinggalan.Nalika Dalang Seno Nugraha golek dana kanggo mbantu nanggulangi covid 19 (CORONA) sarana gelar wayang climent aku yo melu streming.Senajan ora komplit sinden mung 2, wiyaga 6 tapi tetep gayeng senajan durasine mung 3 jam.*

Sakliyane Ki Seno sering nonton dalang soko tlatah liyane Dalang sako banyumasan (bahasa ngapak),Dalang Solo apa soko jawa timur.Saiki nembe ngerti jebul saben wilayah duwe pakem dewe-dewe.Penononton wayang saiki dadi kaangkat maneh ora mung kalangan tuwo tapi cah enom yo akeh,malah bocah cilik apa wanita akeh sing seneng
wayang.

Menawa maca komentare video penggemar wayang saka tlatah nuswantara.Malah ora sitik soko luar negri podo seneng kebudayaan Indonesia khususe pagelaran wayang kulit.Tanggapan Dalang yo ora mung nang pulau jawa,Dalang Seno lan liyane sering di tanggap luar jawa.

Nganti wektu saiki senajan covid 19 mulai suda nanging isih "NEW NORMAL", pagelaran wayang kulit durung bisa tampil.Pungkusan pas Ki Seno wayang bareng Elisa mengeti dina kelahiran PANCASILA, nanging sajake penonton umum  durung bisa teko.

Bareng sering nonton wayang kulit aku mulai kenal sinden-sinden sing terkenal.Sakliyane Elisa Orcarus sindene Dalang Seno liyane ana Tatin,Ayu,Anting,Bu prastiwi,Agnes.Sinden ngapak ana Bu Ciblek,Lian Sindu Soko Kebumen( inyong yo wong Gombong-Kebumen) jawa timur malah muncul sinden-sinden cilik duwe bakat luar biasa kaya Lintang Kairo,Niken Salindri,Umi Hafifah.

Muga-Muga wabah Covid 19 enggal lunga saka bumi Indonesia,kahanan dadi Normal maneh.Kegiatan ngumpul bareng bisa nonton pagelaran wayang kulit maneh.Sing mesti aku kepingin nonton live dalang Seno duet karo sinden viral "ELISA ORCARUS".

Salam budaya jawa...!

Rabu, 28 Agustus 2019

Opo Tumon : SAMBAL TERONG PEDAS





Pancen masyarakat Indonesia paling jago  menawa gawe singkatan.Ora jeneng wong,panganan,klub bola,Mall,kota,sing mesti seliyane katon aneh uga lucu unine .Menawa kawasan kota Jakarta sekitare terkenal karo sebutan "JABODETABEK" kota sing dadi penyangga ibukota( Jakarta-Bogor-Depok-Tanggerang-Bekasi).

Beda maneh ana Jogja-Jawa Tengah ana  "JOGLOSEMAR". Singkatan soko tembung Jogja-Solo-Semarang.Malahan ana sepur sing  jeneng unik "JOGLOSEMARKETO".Sepur nembe operasi tahun 2018  jurusane Jogja-Solo-Semarang nganti tekan kuto Purwoketo.

Dene Propinsi Jawa Timur duwe kawasan kota satelit sekitare Surabaya singkatane "GERBANKERTOSUSILO".Kuwi saka jeneng kota  Gresik-Bangkalan-Kertosono-Suroboyo-Sidoarjo-Lamongan.

Sing paling lucu sawise Presiden ke 7 Bapak JOKOWI ngumumke rencana pemindahan ibukota menyang Kalimantan Timur.Lokasine sekitar penajem utara karo sebagian kutai kertanegara. Durung ngerti kapan  pembangunane nanging masyarakat indonesia(netizen) wis  pada gawe singkatan.Sing lucu jeneng  kawasan sing  mengkone dadi kota elite Ibu kota anyar Indonesia.

Mbuh pancen kebeneran apa saka kreatife sing gawe singkatan mengkone kawasan kota satelit ibu kota duwe jeneng Aneh tur lucu...?! Lho piye....koyo jeneng masakan "SAMBAL TERONG  PEDAS" saka tembung kota  Samarinda-Balikpapan-Tenggarong-Penajam-dan sekitarnya.

Opo tumon singkatan kok koya jeneng makanan...ning pancen kuliner sambal terong lagi laris...koyo aku nek mangan lesehan sering pesen menu kuwi....?!.

Sabtu, 10 Agustus 2019

Opo Tumon ,Ngimpi Ulo Sorene Kejedot Lawang Halte Transjogja





Kandane wong nek ngimpi ketemu ulo bakal nemu kesialan.Mbuh bener apa ora  jane ora patiye ngandel.Ning apa pancen kepasan sawise ngimpi ulo sorene kena apes.Lha piye koco transjogja sing kandel ketabrak raiku sing kesusu mlaku.

Sing mesti sirahe kroso jarem,untu ngisor-duwur rada oglek,getih metu lumayan akeh ngenteke tisu sewadah.Kuwi wae wenehane pelajar wedok seragam SMA sing kebeneran ana halte nunggu bis.Yo mergo kesusu apa pancen pretanda ngimpi...?

Critane sore kuwi aku arep nonton bal-balan PSIM lawan Martapura ana stadion Mandala Krida sing nembe rampung direnovasi.Sakdure PSIM saben main kandang nyilih stadion duweke klub Bantul.Merga iki pertandingan sepisan ana stadion anyar mesti penontone mbudak.Apa maneh prestasine lagi moncer menang terus ana urutan duwur liga 2 wilayah wetan.

Aku Numpak bis halte Janti nganggo tranjogja 1A .Kandane petugase mengko transit halte kridosono ganti 2B mandeg halte kenari kidul stadion.Janti -Kridosono lumayan lancar.Ana kemacetan sitik pas arah ngidul lampu abang arah Kridosono.

Tekan halte ngarep SMP 5 kudu nunggu transjogja 2 B.Karo nunggu akeh rombongan pendukung PSIM konvoi numpak motor arep nonton.Seliyane nggowo bendera klub karo nyanyi yel-yel,ciri khase suporter bal Indonesia.

Sing di tunggu transjogja 2 B teko lumayan akeh penumpang mudun dadi rada omber oleh lungguhan.Sawise ngliwati jembatan layang Lempuyangan dalanan lumayan macet akeh rombongan penonton pendukung PSIM.Sakliyane numpak motor ana rombongan sing mlaku.

Sakliyane ramai kendaraan akeh parkiran motor nyedhaki stadion Mandala Krida.Ning akhire tekan halte kenari kidul stadion.Tibake aku dewekan sing mudun rada kesusu.Mergo  cepet-cepet mlaku kurang ati-ati. Biasane pancen lawang kanggo metu sisih tengen,gandheng halte kenari ora ana petugase liwat sisih kiwo.Karo mlaku  tak kiro ora ana tutupe,mak bruk !!!sirahku karo lambeku kejedot koco sing lumayan kandel.

Sirah lumayan ngelu,getih metu soko lambeku,bareng tak tiliki mergo untuku ngisor-duwur rada goyang.Lumayan suwe ngetoke getih karo nyoba ngreseki,siale ora nggowo tisu. Lagi bingung kebeneran ana pelajar wedhok arep nunggu bis.Aku iseng apa duwe tisu kanggo ngreseki lambe sing akeh getihe.Dilalah ana malah menehne kabeh tisune ben bisa resik.Lumayan suwe nggresiki getih meh nganti 20 menitan.

Bareng getihe ora metu maneh,aku mlaku arah gerbang stadion sisih kulon.Penonton kudu antri,tiket sing bentuke gelang kudu langsung di enggo tangan mlebu area stadion.Mengkone ana kontrolan maneh kanggo mlebu stadion.

Apa tumon...?mergo ngimpi ula untu ngisor -duwur rada goyang goro-goro nambarak lawang halte.Untunge PSIM menang 2-0 dadi pemuncak klasmen.Sing jelas pingin delok kemegane Stadion Mandala Krida sing anyar bisa kaleksanan.





Laga perdana di Mandala Krida

Kamis, 06 Desember 2018

OPO TUMON "Malu Bertanya Sesat Dijalan"

Mbok menawa kabeh wis tahu krungu paribasan " Malu Bertanya Sesat di Jalan".Tegese merga isin takon malah bisa kesasar.Apa maneh kanggone wong anyar sing durung pengalaman.Mulane luwih becik takon disik supaya ora getun mburi bisa-bisa rugi wektu uga duite.

Kaya pengalaman durung suwe nalika penulis numpak sepur Pramek tujuan Kutoarjo.Dina minggu esuk jam 6 wis tekan stasiun lempuyangan manut jadwal mangkate jam 6.18 menit.Sepur iki teka saka Solo ngliwati stasiun Klaten,Maguwa,Lempuyangan,Tugu,Wates,Jenar,paling keri stasiun kutoarjo.

Penumpang lumayan akeh untunge isih oleh enggon.Sawise mangkat kurang luwih 5 menit sepur mandeg disik stasiun Tugu akeh sing pada mudun apa munggah.Sawise  mlaku rodo adoh kondektur mulai mriksa karcis penumpang.

Lagi asik maca berita bal-balan liwat HP aku di kagetke suara kondektur sajake negur penumpang prenahe mburi kursi sing tak lungguhi.Aku penasaran mulane nyoba ndelok apa masalahe.Bareng tak gateke jebelu ana nonoman salah numpak niate menyang Solo arah ngetan,malah arah suwalike ngulon jurusan kutoarjo.

Akhire kondektur nyaranke mengko mudun Stasiun Wates nunggu sepur kutoarjo Jogja.Mestine kudu tuku karcis maneh...Wah ! Rugi wektu,rugi kantonge .!

Ndelok penampilane nonoman mau kayane statuse mahasiswa apa karyawan.Apa durung tahu numpak sepur pramek merga pawongan saka jaba daerah kurang paham jadwal sepur.Apa maneh sepur pramek seliyane jurusan Jogja Solo ana nganti tekan Kutoarjo.

Sakjane menawa tiliti ana pengumuman operator stasiun sakdure sepur mlaku.Semono uga ana karcis ketulis jadwal  jam karo jurusanane.Pances lagi apes apa pancen kurang pengalaman...!?.

Minggu, 04 November 2018

Diapusi Bakul Kembang





Wong dodolan akeh carane.Ana sing jujur apa anane,ning ya ana  ngapusi sitik.Kaya ngurangi jumlah timbangan,nyampur barang kwalitas karo biasa di aku barang apik.Ning nek di pikir jero,sing dodolan ora satus persen salah.Lha piye pingin rega murah ...oleh barang super.

Kaya kedadeyan nembe wae di alami penulis.Merga pingin nyenengke ibu,tuku kembang malah rada kapusan...?

Critane ibu duwe hobi nandur kembang.Ana sing ditandur pot,polybag langsung nang lemah.Maceme werna-werna senajan ya dudu jenis kembang rega larang.Penting bisa nambah asri halaman ngomah.

Penulis senajan kurang seneng urusan kembang,kadang melu tuku kanggo nambah koleksi .Mulane menawa lagi lunga weruh kembang apik apa maneh rega murah kadang kepencut pingin tuku, idep-idep nyenengke ibu....

Keberan wayah sore menyang alun- alun lor kepasan ana acara Sekatenan.Mubeng nonton lumayan rame apa maneh pas  liburan dina Minggu.Seliyane hiburan anak,bakul sandang,jajanan,pameran ,panggung hiburan rakyat.Senajan saben tahun di anake warga masyarakat akeh sing nonton.

Lagi motret suasana  sekaten nganggo hp jadul,penulis ketarik ibu-ibu ngrubung.Bareng tak cedaki jebul bakul kembang maceme werna-werna.Jane kembang biasa sering tak weruhi bedane bentuk godonge beda apik.Akeh sing tuku mulane kepingin apa maneh regane cukup murah.

Penulis nyoba takon regane 25 ewu / sak polybag.Iseng tak nyang 15 ewu pada karo regane liyane.Maune ora oleh sidane diwenehke.Akhire tuku loro seliyane kanggo oleh-oleh ibuku,aku ya rada seneng karo bentuke godhong rada aneh.

Tekan ngomah ibu seneng oleh tanduran anyar...! Gandheng wis bengi rencanane di pindah pot sing luwih gedhe sesuk wae.Temenan dina candhake durung nganti jam 7 esuk ibu wis sibuk ngisi pot nganggo lemah di campur pupuk kandang kanggo mindah tanduran anyar.

Bareng tanduran di jebol saka polybag...ibu rada gumun...jebul wit asline mung siji liyane wit anyar.Di tliti maneh godong sing bentuke apik dudu godhong asli,ning gawean sajake di gunting. Apo Tomon...pingin tuku kembang murah...malah oleh kembang ASPAL...( asli palsu).

Mulane ya rada aneh kembang apik kok regane murah...bejane penulis merga....kurang tliti dadi kapusan sitik...?!

Rabu, 17 Oktober 2018

Pesen Karcis Lali Nomer Antrian

 


Jaman saiki menawa arep lelungan numpak sepur (Kereta Api)sarwa gampang lan praktis beda jaman biyen.Calon penumpang ora perlu antri uyel-uyelan nang Stasiun. Bisa tuku secara online lewat HP,Gerai Alfa,Indomaret,Tiket Box.Nanging senajan di gawe gampang isih akeh masyarakat pesan tiket cara manual.

Kaya penulis dewe sing gaptek angger  numpak kereta api (sepur),mesti ajeg mara stasiun pesan langsung.Beda tuku online,syarate kudu ana foto copy KTP,ngisi formulir pesanan,antri nunggu panggilan.Sing mesti kudu sabar,apa maneh oleh antrian angka gede....paling ora 2-3 jam nunggune

Nomer antrian di jupuk soko mesin box.Ana rong pilihan antrian Costumer Service karo antrian pesenan tiket.Mengko ana panggilan soko operator  kudu nuju meja nomer pira.Menawa pengin oleh nomer cilik luduteka  luwih gasik.Nomer antrian bisa di jupuk mesin box,ning bukake loket tetep jam 9 esuk. 

Senajan kudu sabar ya dilakoni.Apa maneh calon penumpang sing umure 60 tahun  menduwur oleh potongan 20 %.Beda menawa lewat online apa tiket box potongan ora berlaku.Mulane senajan serba online isih calon penumpang pesan karcis langsung cara manual.

Pesen karcis manual stasiun Senen.

Durung suwe nalika penulis golek karcis menyang jogja ana kedadeyan lucu.Orang adoh saka panggonan ana ibu-ibu dewe,menawa dideleng umur Lansia ( 60 + ).Mau ora nggatekake awit rame, bareng rada sepi nembe ngeh ana ibu-ibu sajake arep pesen karcis.

Nih anehe calon penumpang liyane umume nyekel nomer antrian,formulir,fotocopy ktp kok sajake tangan kosong wae.Apa di simpen nang tase...mula penulis iseng-iseng takon.

  "Mau kemana bu....?" "Semarang...!", jawabe ibu.

  "Ibu nomer antrian berapa....?".Ibu mau sajak bingung.Jebul deweke durung oleh nomer antrian,durung ngisi formulir pesenan,fotocopy ktp.Bareng ngerti syarate ibu mau nembe dong.Terus njupuk nomer,ngisi formulir untung duwe fotycopy ktp.

Penulis batin nunggu pirang jam maneh ibu mau oleh girilan.Wis  2 jam luwih penulis dewe durung oleh panggilan. Nyatane jaman serba online akeh masyarakat isih gaptek utamane golongan tua.Senajan ana petugas  isih minim mulane menawa pas liburan kudune di tambah.Aja kaya ibu mau melu antri...ora njupuk nomer antrian....kapan olehe....?!

Minggu, 23 September 2018

Opo Tumon Nulis Humor Dapat Hadiah

Opo Tumon Nulis Humor Dapat Hadiah.

Saya orangnya pendiam kalaupun bisa ngobrol lama dengan orang yang sudah akrab.Tapi selera humor saya lumayan...bener lho terbukti beberapa tulisan saya waktu itu ada yang nongol di koran mingguan atau majalah.

Biarpun honornya kecil senangnya bukan main namanya masuk di koran/majalah.Dan yang jelas menulis humor memang gampang susah dan harus pintar siapa pembacanya.Kalau salah  media yang kita kirim  kecil peluangnya untuk dimuat.

Waktu itu kebetulan di sebuah majalah bahasa jawa ada pengumuman lomba Nulis Humor yang di adakan dalam rangka pemutaran sebuah film.Syarat homornya harus bertemakan film indonesia.Saya tertarik dan mencoba mengirim kalau tak salah 3 tulisan humor pendek.Ngirimnya masih menggunakan amplop  lewat kantor pos nulisnya menggunakan mesin tik di kertas putih.

Lumayan susah juga cari idenya apa yang harus di tulis biar bisa masuk nominasi lomba.Akhirnya saya buat cerita humor situasi perfileman pada saat itu.Gedung bioskop sedang booming film barat dan mandarin.Sementara film dalam negri menjadi tontonan nomer dua.

Jadi ibarat tuan rumah Masyarakat Indonesia ramah pada tamunya ( film barat-mandarin),tapi kepada diri sendiri(film lokal),malah melantarkannya.Tapi itu kenyataan waktu itu...film Indonesia ( tidak semua),kalah populer dibandingkan film film dari luar.

Dan mungkin lagi hoki saya setelah penguman,ternyata salah satu humor  saya buat dapat nominasi juara biarpun bukan nomer satu.Seminggu kemudian wesel uang hadiah di kirim kerumah....wow...jumlah yang lumayan pada waktu itu.

Yang jelas dengan uang hadiah saya bisa jalan-jalan ke Jakarta - Jogja pulang pergi naik Bis non AC plus jajannya.Dan itu paling membanggakan selama hobi menulis sampai saat ini.Sayang sekarang tidak pernah kirim tulisan humor lagi...ke koran mingguan/majalah....kecuali buat iseng di blog sendiri.

Jumat, 14 September 2018

Opo Tumon Kembang Tahu....

Kembang Tahu...

Crita iki tak alami durung suwe iki.Mbok menawa aku kurang gaul dadi orang ngerti kuliner sing diarani "Kembang Tahu".Pancen sering weruh warung kembang tahu sing tuku ya rame.Ning aku dewe durung tau ngerti ujude apa maneh ngrasake rasane.

Kebeneran durung suwe aku lagi dolan menyang Depok-Bogor.Aku nginep adiku wadon sing manggon ana Perunmas Depok utara.Wayah bengi ketekan sedulur sepupu karo nggowo cangkingan di wadahi tas kresek ireng jare isine "Kembang Tahu".

Aku ngobrol rada suwe bareng sepupu bali aku sing pancen durung mangan krasa ngelih.Kebeneran mbok menawa mangan bengi karo lawuh "Kembang Tahu", enak,sekaliyan pingin ngrasake rasane mumpung diwenehi gratis.

Aku njupuk piring tak isene sega rada akeh.Tas kresek ana duwur meja tak bukak ana bungkusan telu diwadahi plastik isine duduh karo koyo irisan tahu putih tipis-tipis.Wah jangan sop isih anget batinku.Aku penasaran plastik tak suntak  wadah mangkok.Aku nyoba sitik tak rasake  kaya wedang jahe anget-anget.Nyoba sing katon kaya tahu putih  rasane koyo bubur sungsum.

Adiku bareng ngerti yen aku mau niate arep mangan lawuh "Kembang Tahu", kudu ngguyu kepingkel.Semona uga ponakan malah maido jare Aku kurang gaul ora ngerti jajanan masa kini.

Sidane aku mangan karo lawuh liya.Kembang tahu di ombe sawise mangan.....Jare adiku kembang tahu cocok di ombe menawa hawane adem rasane anget,kaya wedang jahe apa ronde.* +

Kamis, 13 September 2018

Opo Tumon ORA BISA MLEBU

Jaman saiki pancen serba canggih.Kabeh sarwa gampang semana uga menawa lelungan nggunake angkutan umum.Ana transpotasi online calon penumpang ora perlu metu menyang terminal atau ngadang angkot nang dalan.Cukup lewat HP lewat aplikasi di parani tekan ngomah,ongkose ora perlu ngenyang wis ana regane.Semona uga menawa arep numpak kereta ora perlu antri maneh bisa tuku online beda jaman biyen.

Pengalaman iki nalika kepasan aku lagi ana Depok.Kebeneran wis suwe ora tau numpak KRL kepingin dolan menyang KOTA TUA .Sore kuwi aku menyang Stasiun Depok rada kaget saiki wis beda rupa rapi ora ana pedagang.

Antrian  lumayan dawa ning akhire oleh tiket bentuke kaya kartu.Regane ongkos Depok-Kota di tambah garansi kartu sepuluh ewu.Ning menggko bisa di tukar maneh duwit garansi di baleke asal ora luwih seminggu.Kanggo mlebu stasiun cukup nempelke kartu mengko pintune mbukak dewe.

KRL saiki jan nyenengke beda banget wektu isih manggon Jakarta.Gerbonge AC,ora ana pedagang asongan,pengamen,gerbong khusus wanita,kursi prioritas.Semona uga penumpang numpak duwur gerbong wis ora ana.Kondektur mriksa tiket wis ora jamane,penumpang ora kuatir arep mudun stasiun.Saben arep mandeg operator ngumumke jenenge Stasiun dadi ojo kuatir kebablasan asal ora turu wae.

Ora nganti sak jam KRL Commuter Line wis tekan Stasiun Kota.Metune cukup nempelke kaya mlebu pintu mbuka dewe.Isih kaya jaman biyen ngarep stasiun akeh pedagang kaki lima bedane saiki tertib rapi.Mlaku arah Kota Tua dalan trotoar di kebaki pedagang kaki lima.Bedane karo jalan Malioboro dodolane di gelar ana ngisor.

Tekan Taman Fatahilah katon warga jakarta,Wisatawan lumayan ramai.Ana sing numpak sepeda,foto selfie,lungguhan ngobrol bareng keluarga,kanca.Ora Kaya biyen nalika sering dolan Kota Tua.Saiki tertib area tengah ora ana Model Cosplayer,Badut,Pedagang Asongan.Dikumpulke dadi siji manggon sak kiwa tengene taman luwih rapi ning ora mateni masyarakat sing golek rejeki ana Kuta Tua.

Sawise katog ngubengi Kota Tua ora lali motret kanggo kenang-kenangan.Isih kober mangan jajanan khas Pecel plus gorengan sing didol ibu-ibu lumayan bisa kanggo ngisi weteng.Sak liyane pecel bakul jajan sekitar Kota Tus akeh banget Ana gorengan,ketoprak,Bakso,Mie,Nasi Goreng.Ana  area tengah sakjane akeh bakul ning bentuk kafe.Sing jelas regane lumayan kanggoku mulane aku luwih milih jajan klas rakyat wae.

Aku bali rada bengi kandane adiku jam bubar kantor kereta tujuan Bogor padet banget.Mula aku nunggu nganti jam 8 ben penumpang rada suda.Bener tekan Stasiun sing tuku tiket ora akeh.Bareng tekan ngarep antrian aku rada bingung,jebul tikete tukune ora manual kaya stasiun Depok nganggo mesin otomatis.

Aku pancen rada gaptek rada bingung,kepeksa jaluk tulung petugas sing kebeneran liwat.Kartu tak wenehke karo duwit Rp :5000 ; .Jebul duwite di tolak "ORA BISA MLEBU",jare petugas duwite kertase lecek kon ganti sing luwih apik.Aku rogoh kantong nggoleki susukan jajan pecel mau.Wah sialan kabeh pada wae lecek-lecek.Eh...pancen lagi bejo...antrian mburiku bocah wadon nganggo seragam kerja cluluk. "Ini Pak ada uang!",karo ngulungake duwit limang ewu anyar.

Temenan ora nganti suwe duwit bisa mlebu kartu bisa keisi maneh.Aku arep ganti duwit marang bocah wadon mau malah ditolak,kandane iklas.Jan Merga Serba canggih aku sing pancen Gaptek ketinggalan jaman banget.Aku bisa nulis ya merga di ajari ponakan,iku wae mung nganggo HP jadul.Sering salah ngetike....Ora lali matur nuwun mbake sing nyilihi duit aku  bisa bali Depok.

Kamis, 06 September 2018

Opo Tumon Ada Ibu Hamil....Ada Kursi

Mbok menawa wis ngerti malah tau maca rubrik "OPO TUMON "PS (Panjebar Semangat) majalah bahasa jawa sing terbit ana Surabaya.Isine biasane pengalaman sedina-dina sing lucu,aneh,ngayelke,sedih,apa wae ...sing mesthi bisa gawe sing maca kudu ngguyu apa malah prihatin.

Pengalaman ini durung suwe pase sakwise aku nonton acara Asian Games bareng ponakan ana GBK.Senajan mung nonton nganggo TIKET FESTIFAL sing penting melu ngramekake lan nambah semangat atlet lewat Layar Lebar ( Nobar).Kebeneran margo donganane rakyat Indonesia bisa oleh mendali lumayan akeh 31-24-43 ngluwihi target 16 emas ana urutan 4 sawisi Negara kuat China,Jepang,Korea.

Rampung nonton aku bali numpak bis grartis tranjakarta menyang stasiun Sudirman.Kebeneran wektu kuwi jame bubabaran wong kerjo mula penumpang akeh banget.Kepekso nunggu kreta Commuterline jurusan Bogor rada selo.Lumayan suwe kurang luwih sejam bisa oleh kreta bisa mlebu gerbong.

Senajan ora oleh kursi nanging ora desek-desekan.Kebeneran ana Ibu setengah baya menehi kursi kanggo keponakan dadi ayem.Tekan Stasiun Manggarai kreta Mandeg kanggo nambah penumpang ,transit menyang Stasiun Kota apa Bekasi.

Kreta nembe mlaku dikagetake suara kenceng banget "Ada Ibu Hamil....
Ada Kursi...!?".Aku karo penumpang liyane rada kaget...?Karo nggoleki sapa sing nyuara mau.Sajake ora ana sing nanggapi mula ibu mau mbaleni luwih seru maneh.

Aku penasaran kepengin ngerti piye blegere sing ngaku "Ibu Hamil".Bareng ping telu ibu mau nyuara akeh sing pada ngeh.Kebeberan ora adoh soko panggonan  aku ngdeg ono bocah enom menehi kursine.Malah ora mung siji thok akeh wong lanang menehi kursi kanggo ibu hamil mau.
Bareng tak sawang Ibu muda kayane nembe bali kerja,hamile ya durung gedhe durung patiya katon.

Manggon nang Jakarta pancen kudu pinter nyiasate lan ora isinan.Kaya ibu mau supaya bisa oleh kursi nekat kanti nyuara "Ada Ibu Hamil...Ada Kursi".Nyatane bareng ngerti deweke hamil akeh sing ngalah.Coba menawa meneng wae...sapa gelem menehi kursi apa maneh isih enom.Racake wong ngalah kanggo balita,lansia apa ibu hamil sing ketok....

Minggu, 03 Juni 2018

Opo Tumon DIAPUSI KANCA ANYAR






Crita lawas iki pengalaman nalika 
 arep mudik menyang jawa(Karanganyar-Kebumen).Nek ora salah 3 dina hari H Lebaran kedadeyan ana stasiun Senen.Pengalaman iki bisa dadi pembelajaran,nek duwe kenalan anyar kudu ngati'ngati.Aja gampang percaya seratus persen bisa gela mburine.

Wektu semana numpak sepur isih bebas tanpa di batasi,sing penting angger bisa mlebu gerbong mesti kegawa tekan tujuan, ning yo kuwi tekan ngomah boyok pegel kabeh.Piye ora pegel ngadeg sawengi muput uyel-uyelan pisan.Tapi iki kanggo kreta ekonomi sing tikete murah meriah,beda eksukutif mesti, penak regane wae bisa ping limane.

Wektune isih sore calon penumpang wis pada teka nang plataran Stasiun.Padahal kreta mangkate jam 8 an wedi ora kumanan  rebutan mlebu disik nang gerbong.Penulis sing lagi lungguh bareng sedulur nunggu kreta di gaketake tekane calon penumpang cacah telu lanang siji wadon loro.

Saka obrolane sajake arep mudik menyang Semarang.Katone akrab crita ngetuprus malah tak rungu sing lanang mengko tekan ngenggon arep ngeterke tekan ngomah.Admin ya sepisan pindho melu nibrung ngobrol pada nasibe dadi perantau golek rejeki nang ibu kota "Jakarta".


           suasana mudik jaman biyen

Ora let suwe bocah wadon siji kanda ,arep menyang kamar mandi kebelet pipis.Kancane dikon nunggu  nek ora salah ana tas lumayan gede cacah 3.Bareng  suwe ora teka-teka bocah wadon sijine nyusul.

Durung nganti 5 menit bocah lanang sing ditinggal pamit.Malah kondo karo penulis  arep menyang toilet ora lali tase  di gowo kabeh.Aku mung ngiyake ora curiga karo bocah lanang mau.

Bocah wadon loro teko nang panggonan mau karo celingukan nggoleki kanca lanange.Bareng ora ketemu rada gugup takon karo calon penumpang liyane.

   " lihat temannya laki-laki pergi kemana...?"

   "Nyusul ke toilet mencari mbaknya..!",.

Bocah wadon loro dadi pucet,terus  ngoyak menyang toilet.Sayang kanca lanange ora ketemu tas sak isine ,malah karcis sepure katut kegowo. Karo nangis kekarone lapor marang petugas.Jebul konco lanang sing katone akrab banget  nembe wae kenalan nang stasiun ngakune  mudik menyang semarang malah arep ngeterke ngomah pisan.

Sidane pihak Stasiun menehi karcis gratis karo duwit kanggo sangu.Duwit,jajan,sandang sing di goleki rekasa nang Jakarta kanggo oleh-oleh keluarga ilang digowo kabeh.

Mulane kedadeyan ini bisa dadi pelajaran "Ojo Gampang Percaya ",karo kanca anyar sing ketoke apik tenan,kudu ati-ati lan waspada.