Minggu, 04 November 2018

Diapusi Bakul Kembang





Wong dodolan akeh carane.Ana sing jujur apa anane,ning ya ana  ngapusi sitik.Kaya ngurangi jumlah timbangan,nyampur barang kwalitas karo biasa di aku barang apik.Ning nek di pikir jero,sing dodolan ora satus persen salah.Lha piye pingin rega murah ...oleh barang super.

Kaya kedadeyan nembe wae di alami penulis.Merga pingin nyenengke ibu,tuku kembang malah rada kapusan...?

Critane ibu duwe hobi nandur kembang.Ana sing ditandur pot,polybag langsung nang lemah.Maceme werna-werna senajan ya dudu jenis kembang rega larang.Penting bisa nambah asri halaman ngomah.

Penulis senajan kurang seneng urusan kembang,kadang melu tuku kanggo nambah koleksi .Mulane menawa lagi lunga weruh kembang apik apa maneh rega murah kadang kepencut pingin tuku, idep-idep nyenengke ibu....

Keberan wayah sore menyang alun- alun lor kepasan ana acara Sekatenan.Mubeng nonton lumayan rame apa maneh pas  liburan dina Minggu.Seliyane hiburan anak,bakul sandang,jajanan,pameran ,panggung hiburan rakyat.Senajan saben tahun di anake warga masyarakat akeh sing nonton.

Lagi motret suasana  sekaten nganggo hp jadul,penulis ketarik ibu-ibu ngrubung.Bareng tak cedaki jebul bakul kembang maceme werna-werna.Jane kembang biasa sering tak weruhi bedane bentuk godonge beda apik.Akeh sing tuku mulane kepingin apa maneh regane cukup murah.

Penulis nyoba takon regane 25 ewu / sak polybag.Iseng tak nyang 15 ewu pada karo regane liyane.Maune ora oleh sidane diwenehke.Akhire tuku loro seliyane kanggo oleh-oleh ibuku,aku ya rada seneng karo bentuke godhong rada aneh.

Tekan ngomah ibu seneng oleh tanduran anyar...! Gandheng wis bengi rencanane di pindah pot sing luwih gedhe sesuk wae.Temenan dina candhake durung nganti jam 7 esuk ibu wis sibuk ngisi pot nganggo lemah di campur pupuk kandang kanggo mindah tanduran anyar.

Bareng tanduran di jebol saka polybag...ibu rada gumun...jebul wit asline mung siji liyane wit anyar.Di tliti maneh godong sing bentuke apik dudu godhong asli,ning gawean sajake di gunting. Apo Tomon...pingin tuku kembang murah...malah oleh kembang ASPAL...( asli palsu).

Mulane ya rada aneh kembang apik kok regane murah...bejane penulis merga....kurang tliti dadi kapusan sitik...?!