Kamis, 06 Desember 2018

OPO TUMON "Malu Bertanya Sesat Dijalan"

Mbok menawa kabeh wis tahu krungu paribasan " Malu Bertanya Sesat di Jalan".Tegese merga isin takon malah bisa kesasar.Apa maneh kanggone wong anyar sing durung pengalaman.Mulane luwih becik takon disik supaya ora getun mburi bisa-bisa rugi wektu uga duite.

Kaya pengalaman durung suwe nalika penulis numpak sepur Pramek tujuan Kutoarjo.Dina minggu esuk jam 6 wis tekan stasiun lempuyangan manut jadwal mangkate jam 6.18 menit.Sepur iki teka saka Solo ngliwati stasiun Klaten,Maguwa,Lempuyangan,Tugu,Wates,Jenar,paling keri stasiun kutoarjo.

Penumpang lumayan akeh untunge isih oleh enggon.Sawise mangkat kurang luwih 5 menit sepur mandeg disik stasiun Tugu akeh sing pada mudun apa munggah.Sawise  mlaku rodo adoh kondektur mulai mriksa karcis penumpang.

Lagi asik maca berita bal-balan liwat HP aku di kagetke suara kondektur sajake negur penumpang prenahe mburi kursi sing tak lungguhi.Aku penasaran mulane nyoba ndelok apa masalahe.Bareng tak gateke jebelu ana nonoman salah numpak niate menyang Solo arah ngetan,malah arah suwalike ngulon jurusan kutoarjo.

Akhire kondektur nyaranke mengko mudun Stasiun Wates nunggu sepur kutoarjo Jogja.Mestine kudu tuku karcis maneh...Wah ! Rugi wektu,rugi kantonge .!

Ndelok penampilane nonoman mau kayane statuse mahasiswa apa karyawan.Apa durung tahu numpak sepur pramek merga pawongan saka jaba daerah kurang paham jadwal sepur.Apa maneh sepur pramek seliyane jurusan Jogja Solo ana nganti tekan Kutoarjo.

Sakjane menawa tiliti ana pengumuman operator stasiun sakdure sepur mlaku.Semono uga ana karcis ketulis jadwal  jam karo jurusanane.Pances lagi apes apa pancen kurang pengalaman...!?.