Jumat, 27 Juli 2018

"JAMU JULIANG"Karanganyar Kebumen


Inyong gemiyen omahe nang kampung Binangun Sakulene Pasar Karanganyar.Sekolahe SD 5 si bacin selore kali karanganyar.Nerusna SMP 1 lor Alun-alun tekan klas 2,terus pindah nang kota pelajar Jogja.

Ning inyong ora arep crita jaman cilikanku.Tapine Bakul jamu sing manggon sawetane kali, pernahe lor kampung binangun "JULIANG".

Jaman biyen "Warung Jamu Juliang",jan top markotop.Ben dina rame terus,pelanggane ora wong karanganyar bae tapi tekan ngendi bae.Seliyane sedia jamu pegel linu, wong mriyang,lara untu, ya pada teka njaluk racikane. Mbuh pancen jamune pancen cespleng akeh wong sing teka maning.Dadi langganan pancen akeh.Biasane ramene wayahe sore tekan bengi.

Inyong dewek kandane biyungku jaman cilikane biyen tau rewel terus.Bareng di ombeni jamu juliang terus mari. Seliyane kuwe kandane jamu juliang bisa di jaluki resep nyapih bocah,uga ramuan khusus sehat pria+wanita.Sing paling mburi iki mbokan  gawe Jamu Juliang Rame.Pantesan Jaman cilik biyen mandhan gumun pakde kayane sehat saben mampir Karanganyar mesti mampir Jamu Juliang.


       warung juliang isih kaya biyen


arep  jamu apa ?

Kandane Juliang pinter gawe racikan jamu  kanggo sapih bocah.Malah  dulurku sing manggon nang Jakarta duwe pengalaman.Wektu semana pas mudik ngumpul nang Karanganyar.Kebeneran anak barepe wis arep di sapih.Tapine rewel terus dadi gawe bingung.Ana sing usul nyoba di gawekna jamu sapih nang Juliang.Eh jan cepleng,bali ngome jamu wis ora nangis maning.

Soal ngetope Juliang kuwe pengalaman penulis dewek.Kebenaran duwe kanca nang daerah pasir sakulone Karangbolong.Nalika ngerti omahe kulon pasar Karanganyar,kandane akeh sing tau nyoba jamune Juliang.Padahal Nang Gombong sing luwih cedhek akeh bakul jamu.

Kebeneran Lebaran wingi bisa mampir Karanganyar senajan mung sedela.Ora sengaja liwat warung jamune Juliang kanggo kenangan tak foto.Ning jamune isih rame penulis ora ngerti.Sing cetha isih buka tekan saiki mungkin anake sing nerusake.....