Sabtu, 10 Agustus 2019

Opo Tumon ,Ngimpi Ulo Sorene Kejedot Lawang Halte Transjogja





Kandane wong nek ngimpi ketemu ulo bakal nemu kesialan.Mbuh bener apa ora  jane ora patiye ngandel.Ning apa pancen kepasan sawise ngimpi ulo sorene kena apes.Lha piye koco transjogja sing kandel ketabrak raiku sing kesusu mlaku.

Sing mesti sirahe kroso jarem,untu ngisor-duwur rada oglek,getih metu lumayan akeh ngenteke tisu sewadah.Kuwi wae wenehane pelajar wedok seragam SMA sing kebeneran ana halte nunggu bis.Yo mergo kesusu apa pancen pretanda ngimpi...?

Critane sore kuwi aku arep nonton bal-balan PSIM lawan Martapura ana stadion Mandala Krida sing nembe rampung direnovasi.Sakdure PSIM saben main kandang nyilih stadion duweke klub Bantul.Merga iki pertandingan sepisan ana stadion anyar mesti penontone mbudak.Apa maneh prestasine lagi moncer menang terus ana urutan duwur liga 2 wilayah wetan.

Aku Numpak bis halte Janti nganggo tranjogja 1A .Kandane petugase mengko transit halte kridosono ganti 2B mandeg halte kenari kidul stadion.Janti -Kridosono lumayan lancar.Ana kemacetan sitik pas arah ngidul lampu abang arah Kridosono.

Tekan halte ngarep SMP 5 kudu nunggu transjogja 2 B.Karo nunggu akeh rombongan pendukung PSIM konvoi numpak motor arep nonton.Seliyane nggowo bendera klub karo nyanyi yel-yel,ciri khase suporter bal Indonesia.

Sing di tunggu transjogja 2 B teko lumayan akeh penumpang mudun dadi rada omber oleh lungguhan.Sawise ngliwati jembatan layang Lempuyangan dalanan lumayan macet akeh rombongan penonton pendukung PSIM.Sakliyane numpak motor ana rombongan sing mlaku.

Sakliyane ramai kendaraan akeh parkiran motor nyedhaki stadion Mandala Krida.Ning akhire tekan halte kenari kidul stadion.Tibake aku dewekan sing mudun rada kesusu.Mergo  cepet-cepet mlaku kurang ati-ati. Biasane pancen lawang kanggo metu sisih tengen,gandheng halte kenari ora ana petugase liwat sisih kiwo.Karo mlaku  tak kiro ora ana tutupe,mak bruk !!!sirahku karo lambeku kejedot koco sing lumayan kandel.

Sirah lumayan ngelu,getih metu soko lambeku,bareng tak tiliki mergo untuku ngisor-duwur rada goyang.Lumayan suwe ngetoke getih karo nyoba ngreseki,siale ora nggowo tisu. Lagi bingung kebeneran ana pelajar wedhok arep nunggu bis.Aku iseng apa duwe tisu kanggo ngreseki lambe sing akeh getihe.Dilalah ana malah menehne kabeh tisune ben bisa resik.Lumayan suwe nggresiki getih meh nganti 20 menitan.

Bareng getihe ora metu maneh,aku mlaku arah gerbang stadion sisih kulon.Penonton kudu antri,tiket sing bentuke gelang kudu langsung di enggo tangan mlebu area stadion.Mengkone ana kontrolan maneh kanggo mlebu stadion.

Apa tumon...?mergo ngimpi ula untu ngisor -duwur rada goyang goro-goro nambarak lawang halte.Untunge PSIM menang 2-0 dadi pemuncak klasmen.Sing jelas pingin delok kemegane Stadion Mandala Krida sing anyar bisa kaleksanan.





Laga perdana di Mandala Krida