Minggu, 03 Juni 2018

Opo Tumon DIAPUSI KANCA ANYAR






Crita lawas iki pengalaman nalika 
 arep mudik menyang jawa(Karanganyar-Kebumen).Nek ora salah 3 dina hari H Lebaran kedadeyan ana stasiun Senen.Pengalaman iki bisa dadi pembelajaran,nek duwe kenalan anyar kudu ngati'ngati.Aja gampang percaya seratus persen bisa gela mburine.

Wektu semana numpak sepur isih bebas tanpa di batasi,sing penting angger bisa mlebu gerbong mesti kegawa tekan tujuan, ning yo kuwi tekan ngomah boyok pegel kabeh.Piye ora pegel ngadeg sawengi muput uyel-uyelan pisan.Tapi iki kanggo kreta ekonomi sing tikete murah meriah,beda eksukutif mesti, penak regane wae bisa ping limane.

Wektune isih sore calon penumpang wis pada teka nang plataran Stasiun.Padahal kreta mangkate jam 8 an wedi ora kumanan  rebutan mlebu disik nang gerbong.Penulis sing lagi lungguh bareng sedulur nunggu kreta di gaketake tekane calon penumpang cacah telu lanang siji wadon loro.

Saka obrolane sajake arep mudik menyang Semarang.Katone akrab crita ngetuprus malah tak rungu sing lanang mengko tekan ngenggon arep ngeterke tekan ngomah.Admin ya sepisan pindho melu nibrung ngobrol pada nasibe dadi perantau golek rejeki nang ibu kota "Jakarta".


           suasana mudik jaman biyen

Ora let suwe bocah wadon siji kanda ,arep menyang kamar mandi kebelet pipis.Kancane dikon nunggu  nek ora salah ana tas lumayan gede cacah 3.Bareng  suwe ora teka-teka bocah wadon sijine nyusul.

Durung nganti 5 menit bocah lanang sing ditinggal pamit.Malah kondo karo penulis  arep menyang toilet ora lali tase  di gowo kabeh.Aku mung ngiyake ora curiga karo bocah lanang mau.

Bocah wadon loro teko nang panggonan mau karo celingukan nggoleki kanca lanange.Bareng ora ketemu rada gugup takon karo calon penumpang liyane.

   " lihat temannya laki-laki pergi kemana...?"

   "Nyusul ke toilet mencari mbaknya..!",.

Bocah wadon loro dadi pucet,terus  ngoyak menyang toilet.Sayang kanca lanange ora ketemu tas sak isine ,malah karcis sepure katut kegowo. Karo nangis kekarone lapor marang petugas.Jebul konco lanang sing katone akrab banget  nembe wae kenalan nang stasiun ngakune  mudik menyang semarang malah arep ngeterke ngomah pisan.

Sidane pihak Stasiun menehi karcis gratis karo duwit kanggo sangu.Duwit,jajan,sandang sing di goleki rekasa nang Jakarta kanggo oleh-oleh keluarga ilang digowo kabeh.

Mulane kedadeyan ini bisa dadi pelajaran "Ojo Gampang Percaya ",karo kanca anyar sing ketoke apik tenan,kudu ati-ati lan waspada.