Jumat, 14 September 2018

Opo Tumon Kembang Tahu....

Kembang Tahu...

Crita iki tak alami durung suwe iki.Mbok menawa aku kurang gaul dadi orang ngerti kuliner sing diarani "Kembang Tahu".Pancen sering weruh warung kembang tahu sing tuku ya rame.Ning aku dewe durung tau ngerti ujude apa maneh ngrasake rasane.

Kebeneran durung suwe aku lagi dolan menyang Depok-Bogor.Aku nginep adiku wadon sing manggon ana Perunmas Depok utara.Wayah bengi ketekan sedulur sepupu karo nggowo cangkingan di wadahi tas kresek ireng jare isine "Kembang Tahu".

Aku ngobrol rada suwe bareng sepupu bali aku sing pancen durung mangan krasa ngelih.Kebeneran mbok menawa mangan bengi karo lawuh "Kembang Tahu", enak,sekaliyan pingin ngrasake rasane mumpung diwenehi gratis.

Aku njupuk piring tak isene sega rada akeh.Tas kresek ana duwur meja tak bukak ana bungkusan telu diwadahi plastik isine duduh karo koyo irisan tahu putih tipis-tipis.Wah jangan sop isih anget batinku.Aku penasaran plastik tak suntak  wadah mangkok.Aku nyoba sitik tak rasake  kaya wedang jahe anget-anget.Nyoba sing katon kaya tahu putih  rasane koyo bubur sungsum.

Adiku bareng ngerti yen aku mau niate arep mangan lawuh "Kembang Tahu", kudu ngguyu kepingkel.Semona uga ponakan malah maido jare Aku kurang gaul ora ngerti jajanan masa kini.

Sidane aku mangan karo lawuh liya.Kembang tahu di ombe sawise mangan.....Jare adiku kembang tahu cocok di ombe menawa hawane adem rasane anget,kaya wedang jahe apa ronde.* +