Kamis, 13 September 2018

Opo Tumon ORA BISA MLEBU

Jaman saiki pancen serba canggih.Kabeh sarwa gampang semana uga menawa lelungan nggunake angkutan umum.Ana transpotasi online calon penumpang ora perlu metu menyang terminal atau ngadang angkot nang dalan.Cukup lewat HP lewat aplikasi di parani tekan ngomah,ongkose ora perlu ngenyang wis ana regane.Semona uga menawa arep numpak kereta ora perlu antri maneh bisa tuku online beda jaman biyen.

Pengalaman iki nalika kepasan aku lagi ana Depok.Kebeneran wis suwe ora tau numpak KRL kepingin dolan menyang KOTA TUA .Sore kuwi aku menyang Stasiun Depok rada kaget saiki wis beda rupa rapi ora ana pedagang.

Antrian  lumayan dawa ning akhire oleh tiket bentuke kaya kartu.Regane ongkos Depok-Kota di tambah garansi kartu sepuluh ewu.Ning menggko bisa di tukar maneh duwit garansi di baleke asal ora luwih seminggu.Kanggo mlebu stasiun cukup nempelke kartu mengko pintune mbukak dewe.

KRL saiki jan nyenengke beda banget wektu isih manggon Jakarta.Gerbonge AC,ora ana pedagang asongan,pengamen,gerbong khusus wanita,kursi prioritas.Semona uga penumpang numpak duwur gerbong wis ora ana.Kondektur mriksa tiket wis ora jamane,penumpang ora kuatir arep mudun stasiun.Saben arep mandeg operator ngumumke jenenge Stasiun dadi ojo kuatir kebablasan asal ora turu wae.

Ora nganti sak jam KRL Commuter Line wis tekan Stasiun Kota.Metune cukup nempelke kaya mlebu pintu mbuka dewe.Isih kaya jaman biyen ngarep stasiun akeh pedagang kaki lima bedane saiki tertib rapi.Mlaku arah Kota Tua dalan trotoar di kebaki pedagang kaki lima.Bedane karo jalan Malioboro dodolane di gelar ana ngisor.

Tekan Taman Fatahilah katon warga jakarta,Wisatawan lumayan ramai.Ana sing numpak sepeda,foto selfie,lungguhan ngobrol bareng keluarga,kanca.Ora Kaya biyen nalika sering dolan Kota Tua.Saiki tertib area tengah ora ana Model Cosplayer,Badut,Pedagang Asongan.Dikumpulke dadi siji manggon sak kiwa tengene taman luwih rapi ning ora mateni masyarakat sing golek rejeki ana Kuta Tua.

Sawise katog ngubengi Kota Tua ora lali motret kanggo kenang-kenangan.Isih kober mangan jajanan khas Pecel plus gorengan sing didol ibu-ibu lumayan bisa kanggo ngisi weteng.Sak liyane pecel bakul jajan sekitar Kota Tus akeh banget Ana gorengan,ketoprak,Bakso,Mie,Nasi Goreng.Ana  area tengah sakjane akeh bakul ning bentuk kafe.Sing jelas regane lumayan kanggoku mulane aku luwih milih jajan klas rakyat wae.

Aku bali rada bengi kandane adiku jam bubar kantor kereta tujuan Bogor padet banget.Mula aku nunggu nganti jam 8 ben penumpang rada suda.Bener tekan Stasiun sing tuku tiket ora akeh.Bareng tekan ngarep antrian aku rada bingung,jebul tikete tukune ora manual kaya stasiun Depok nganggo mesin otomatis.

Aku pancen rada gaptek rada bingung,kepeksa jaluk tulung petugas sing kebeneran liwat.Kartu tak wenehke karo duwit Rp :5000 ; .Jebul duwite di tolak "ORA BISA MLEBU",jare petugas duwite kertase lecek kon ganti sing luwih apik.Aku rogoh kantong nggoleki susukan jajan pecel mau.Wah sialan kabeh pada wae lecek-lecek.Eh...pancen lagi bejo...antrian mburiku bocah wadon nganggo seragam kerja cluluk. "Ini Pak ada uang!",karo ngulungake duwit limang ewu anyar.

Temenan ora nganti suwe duwit bisa mlebu kartu bisa keisi maneh.Aku arep ganti duwit marang bocah wadon mau malah ditolak,kandane iklas.Jan Merga Serba canggih aku sing pancen Gaptek ketinggalan jaman banget.Aku bisa nulis ya merga di ajari ponakan,iku wae mung nganggo HP jadul.Sering salah ngetike....Ora lali matur nuwun mbake sing nyilihi duit aku  bisa bali Depok.