Rabu, 27 September 2017

Adus Nang Belik




Angger maca berita  online apa nonton TV akeh daerah sing kena bencana kekeringan atiku dadi trenyuh.Sak elingku wiwit  cilik nganti siki kayane inyong durung tahu ngalami musibah kaya kuwe.Banyu sumur mandan asat sih sering,tapi kanggo nyukupi butuhe ngomah isih cukup.Malahan tangga teparo sering nunut njuput banyu kanggo keperluan ben dinane.

Kebeneran omah biyen cendhek karo kali.Saben mangsa ketiga senajan asat isih ana banyu sing mili.Apa maning kedhung banyune isih lumayan jero.Malahan seben prei  sekolah bareng kanca pada ciblon.Dadi ora nganti kangelan banyu kaya jaman saiki.

Kanggo tangga sing sumure asat akeh  pada gawe belik.Belik cukup ngeduk kali jerone cukup 1/2 meteran banyune wis metu.Seliyane bening ora bakal asat nganti tekan wayah rendeng maning.Mulane angger wayah ketiga wayah esuk apa sore katon rame warga pada adus apa umbah-umbah.

Biasane belik siji di enggo 3-5 keluarga gantian.Supaya ora katon wong sing lagi mlaku umume belik dikupengi nganggo gedeg,seng apa anyaman saka blarak.Dadi wayah adus ora keganggu upamane  adus bocah wadon apa ibu-ibu.

Inyong jaman cilik saben sore ya sering banget adus belik.Bar ciblon nang kedung apa bal-balan rame-rame adus.Banyune seger anduke cukup nganggo kaos,sabun karo cidhuke biasane ana sing ditinggal.Jaman semana ora kuatir di colong percaya kuwe kanggo kepentingan umum.

Mangsa ketiga jaman biyen  kali dadi alih fungsi :

  1.Gawe Belik.

Masyarakat sing pada asat sumure gawe belik rame-rame kanggo  adus,ngumbahi,keperluan liyane.Wektu semana senajan sumur asat ora susah banget isih bisa ngandelke banyu kali.Ora kaya saiki kali wis entek sumbere nek ono banyune sitik.

  2.Nandur tela.

Wektu semana mangsa ketiga rendeng kayane tepat wektune.Akeh masyarakat pada nandur tela rambat.Panene umure kira-kira 3 sasian  ngarepeke mangsa rendeng wis bisa panen.Cirine tela tanduran kali cilik dawa-dawa.

  3.Dadi Lapangan Bal-balan.

Saben sore kali dadi rame.Seliyane keperluan nang belik adus,ngumbahi akeh bocah-bocah pada bala-balan.Gawange cukup pring ukuran luwih cilik gawang sakbenere.Malah sering ngadu karo kampung liya.Kadang malah ribut ana main curang.

  4.Golet wedhi

Mangsa ketiga akeh wong ndandani omah.Kanggo ngirid ragad wedhine cukup golet nangkali.Menawa butuhe akeh ngupahi wong sing ngangkuti.Modale cukup pacul,ember,grobak kadang kerja gotong royong tangga cedhek.

Kuwe pengalaman inyong jaman biyen.Siki kayane kaline jarang di ambah bocah maning seliyane kotor,wis ana dolanan modern.Main Hp,PS apa nonton film/sinetron nang layar TV.

                Belik banyune bening